Cuy, ak meh cerito. Soale kowe pernah ngomong yen butuh konco cerito, isoh cerito nang kowe.
Pendak Subuh ki ak ajeg, ngepel. Merga ibuk mesti pipis sembarangan. Aku ga masalah. Wong dikon nganggo pampers sok2 ya wegah. Jare mesakne ak ndak duite entek nggo tuku pampers terus.
Bar ngepel, aku ngomong: ngko ati2 yen lewat ya. Soale bar tak pel.
Ibuk jwb: ya.
Terus ak bar subuh turu meneh. Soale ak sewengi ga iso turu merga radione ibukku muni terus wkwkw.
Tangi turu jam setengah 7. Nggon lawang ngarep kok teles, bakne ibuk pipis meneh sembarangan.
Tak takoki: iki pipis?
Dijwb: iyo.
Bar kui tak pel.
Bar ngepel ak masak.
Tak gawekne soun karo ngrebus kangkung (soale wingi ngomong pengen kangkung godog). Karo ak lg seneng gawe teh serai. Nah merga nganggo gula batu, krn gulane kegeden, aku mecah gula batu nganggo munthu, makane enek suara koyo wong nuthuk2.
Lha dikirone ibukku ak ki nesu merga isuk2 wes ngepel terus.
Terus nangis. Dan nglebokne klambi nang tas. Meh lunga.
Ak wes njuk ngapura, karo ngerih2 ben ga lunga. Tp ngeyel sampe geret2an tas wkwkwkw.
Tak tinggal adus. Dandan. Jebule ijek mewek2 karo ngmg meh lunga.
Jarene duwe anak siji we ora iso ngopeni. Ora seneng nang omah. Pengen lunga wae.
Terus ak ngomong: ojo lunga. Ibuk duduk manis nang omah wae. Yen lunga mah kudune aku sing lunga. Wong iki omahe ibuk.
Bar kui ak pamitan. Sakdurunge mangkat ak njuk tulung lek run niliki ibukku karo ngerih2 ben ga lunga.
Wkwkwkw.
Awan sitik ak WA Nanda, tak kon dolan omahku. Ben ibukku enek koncone. Karo tak kon niliki ibukku nang omah pora.
Terus meh ashar aku WA kowe kon gawakne bakso nggo maem sorene ibukku.
Ak sengojo muleh bengi. Aku butuh wektu nggo ngontrol awakku. Ak butuh perlu wektu dienggo mikir. Dienggo ngecharge energi. Soale pendak dino ibukku nangis terus. Wkwkwkw. Bahkan tanpa sebab.
Ki mau tekan omah bar isya: ibukku seneng banget soale ngerti aku muleh. Dikirone ak lunga tenan. Ibukku ngomong alhamdulillah bola bali karo niliki ak nang kamarku π π.
Ngomong seneng banget ak sih gelem muleh.
Ak cerito ben paling ora enek sing ngerti sing tak lalui dino iki. π
Iki mau tekan omah ya isih lanjut ngepel ruang makan sampe kamar mandi soale ambune pesing banget. Tp ak seneng kok ngepel. Ora nesu ora ngosro.
Merga ak wes ngecharge energi. Ak wes duwe energi.
Komentar
Posting Komentar